Skip to main content

Soal PAT Bahasa Jawa Kelas X K13 Tahun 2022/2023, Terbaru

Soal PAT Bahasa Jawa Kelas X K13 Tahun 2022/2023, Terbaru
Bimbinganguru.com. Berikut ini adalah Soal Penilaian Akhir Semester (PAT) di mata pelajaran Bahasa Jawa Kelas X SMA Semester 2 Kurikulum 2013 Revisi semua Jurusan berbentuk lembar ujian online.

Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 10 merupakan berkas yang digunakan tahun sebelumnya yang masih dapat digunakan untuk pembelajaran kurtilas di tahun pelajaran 2022/2023. Kegiatan PAT Genap digunakan bapak/ibu guru untuk mengevaluasi capaian hasil belajar siswa, dan menggunakannya untuk menentukan kenaikan kelas.

Soal PAT Bahasa Jawa Kelas X K13 Tahun 2022/2023, Terbaru

Soal PAT Bahasa Jawa Kelas X K13 Tahun 2022/2023, Terbaru

Selamat mengerjakan..

1. Karangan kang ditulis kanthi tujuwan kanggo ngandharake gagasan lan fakta sing bisa ngyakinake, menehi pituduh, lan bisa nyenengake tumrap wong sing maca diarani . . .
a. geguritan
b. artikel
c. tembang
d. pawarta
e. parikan

2. Naskah sing wujude perembugan utawa pacelathon (dhialog) sing bisa diparagakake dening para paraga sing ditulis jroning naskah kasebut diarani naskah . . .
a. tembang
b. drama
c. parikan
d. geguritan
e. gancaran

3. Basa lisan mujudake jinis basa sing digunakake utawa diandharake sarana lisan, kang nduweni ciri-ciri . . .
a. mbutuhake tekane wong sing ngomong, paramasastrane kurang jangkep, lan dibatasi empan papan.
b. ora mbutuhake anane wong sing ngomong, paramasastrane jangkep, lan diwatesi empan papan.
c. wong sing ngomong kudu jelas, paramasastrane kurang jangkep mbutuhake tekanne wong sing ngomong, paramasastrane kurang jangkep, lan dibatasi empan papan
d. mbutuhake tekane wong sing ngomong, paramasastrane kurang jangkep, landibatasi empan papan
e. mbutuhake tekane wong sing ngomong, paramasastrane kurang jangkep, landibatasi empan papan

4. Ing ngisor iki sing wujudake kaluwihane basa lisan yaiku . . .
a. ora saben wong bisa nggunakake basa lisan kanthi becik
b. penganggone luwih gampang lan praktis
c. basa sing digunakake ora manut paugeran baku
d. ukarane ora jangkep, sok-sok nggunakake basa dhialek
e. luwih kepenak yen digunakake ing karangan ilmiyah

5. Ukara-ukara ing ngisor iki sing mujudake tuladhane basa lisan yaiku . . .
a. Yen pancen durung ngerti masalahe ora usah melu-melu, mengko mundhak kleru
b. Senajan ora sepira rame nanging wong-wong sing padha ibarate mbayu mili
c. Aku sesuk ora bisa melu dolan karo kanca-kancaku, merga aku isih repot banget
d. Kowe engko rasah melu mlebu lo ya, akuae sing petung ben ndang rampung
e. Nalikane diutus dening wong tuwa, kudu enggal-enggal ditandangi, aja semaya !

6. Bab-bab sing kudu digatekake nalika arep nulis naskah drama yaitu . . .
a. Milih topic utama tema kang bakal digawe crita drama
b. Nemtokake paraga latar, lan pamawase pangripta
c. Nemtokake alur utawa plot crita
d. Gawe naskah pungkasan lan siap kanggo dipentasake
e. Kabeh bener

7. Ing ngisor iki kang ora kalebu bab kang kudu digatekake nalika maca naskah drama, yaiku ..
a. Saben tembung kudu dilafalake kanthi cetha
b. Ngagatekake tembung-tembung kang kudu dilafalake banter utawa lirih
c. Intonasi utawa wirama kudu trep
d. Tempo utawa cepet lan alone micara ora wigati
e. Watak paraga kudu katon sajroning pacelathon antarane paraga

8. Panjenengan yen kersa ora usah kondur saiki
Ukara kasebut migunakake basa . . .
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
e. krama madya

9. Aku dhek wingi tuku buku ing toko Media Alfa.
Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus sing bener yaiku . . .
a. Kula dhek wingi tumbas buku wonten toko media alfa
b. Kula dhek wingi mundhut buku ing toko media alfa
c. Kula kala wingi tumbas buku wonten toko media alfa
d. Kula dhek wingi mundhut buku wonten toko media alfa
e. Kula dhek wingi tuku buku wonten toko media alfa

10. Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa krama alus yaiku . . .
a. Rama nembe wangsul saking kantor
b. Eyang mirengaken tetembangan
c. Eyang midhangetaken tembang-tembang campur sari
d. Rama ningali ringgit purwa wonten balai dhusun
e. Rama nembe tilem wonten kamaripun

11. Kang kelebu ukara basa krama alus, yaiku . . .
a. Mangga pak, dipun dhahar sak wontenipun
b, Benjing menapa Eyang wangsul
c. Sekedhap njih pak, Bapak tak sih tilem
d, Nyuwun panggapunten sampeyan sinten njih ?
e. Bapak nembe kesah dhateng Malang kaliyan adhik

12. Basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya katon luwih endah merbawani, lan ngresepake ati diarani basa . . .
a. Rinengga
b. Krama
c. Gancaran
d. Bagongan
e. Kedhaton

13. Basa rinengga digunakake kaya ing ngosor iki, kejaba . . .
a. Basa ing pedhalangan
b. Basa ing geguritan
c. Kanggo nyandra manten
d. Kanggo nulis layang resmi
e. Kanggo ngarang tembang

14. Tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan kanggo
mbangetake surasane diarani . . .
a. Tembung entar
b. Tembung saroja
c. Wangsalan
d. Paribasan
e. Bebasan

15. Tembung-tembung ing ngisor iki sing ora kalebu tembung entar yaiku . . .
a. darma bekti
b. kembang desa
c. cagak urip
d. cangkem gatel
e. entheng tangane

16. Tembung-tembung ing ngisor iki sing ora kalebu tembung saroja yaiku . . .
a. rukun santosa
b. adhem ayem
c. padhang njinglang
d. dhawa tangane
e. andhap ashor

17. Bebasan ing ngisor iki kang duwe teges gawe rusuh ing papan tentrem yaiku . . .
a. nututi layangan pedhot
b. nabok nyilih tangan
c. adol lenga kari busike
d. diwenehi ati ngrogoh rempela
e. ngubak-ubak banyu bening

18. Paribasan ing ngisor iki kang duwe teges kakehan pangangkah nanging ora duwe kekuatan yaiku . . .
a. welas tanpa alis
b. kerot tanpa untu
c. keplok ora tombok
d. buntel kadut, ora kinang ora udut
e. jalukan ora wewehan

19. Paribasan “busuk ketekuk, pinter keblinger“ duweni teges . . .
a. ngrasakake seneng ora gelem wragat
b. kakehan omong nanging mrantase
c. wong bodho lan pinter padha cilaka kabeh
d. gelem njaluk emoh menehi
e. wong pinter mungsuh padha wong pinter

20. Jroning tulisan aksara Jawa ana istilah aksara legena. Sing diarani aksara legena yaiku . . .
a. ora kena disandangi
b. durung oleh sandangan
c. durung oleh pasangan
d. ora kena dipasangi
e. durung bisa muni dhewe

21. Tata cara panulisane aksara Jawa menawa katulis ing kertas garis kudune ditulis . . .
a. nggandhul ing sangisore garis
b. numpang ing ndhuwure garis
c. ditulis ing satengahe garis
d. garise kudu diilangi dhisik
e. ora usah nggatekake garis

22. Karangan sing mawa paugeran anane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu dilarani . . .
a. tembang macapat
b. tembung camboran
c. basa gancaran
d. reriptan parikan
e. karya geguritan

23. Ing ngisor iki sing kalebu jinis-jinise tembang macapat yaiku . . .
a. Balabak, wirangrong, mijil, sinom, pangkur, dhandhanggula, kinanthi, jurudemung, gambuh, maskumambang.
b. Mijil, sinom, dhandhanggula, kinanthi, megatruh, pucung, sinom, pangkur, maskumambang, durma, asmaradana
c. Kusumastuti, dhandhanggula, megatruh, sinom, mijil, balabak, pangkur, kinanthi, maskumambang, pucung.
d. Kinanthi, dhandhanggula, dhudhukwuluh, sinom, pucung, megatruh, pangkur, asmaradana, durma
e. Dhanhanggula, asmaradana, balabak, maskumambang, megatruh, sinom, mijil, pangkur, pucung, durma, kinathi

24. Jinise tembang macapat sing guru gatrane paling sethithik yaiku tembang . . .
a. Maskumambang lan sinom
b. Dandhanggula lan megatruh
c. Masukamambang lan Pucung
d. Miji lan Dhandhanggula
e. Kinanthi lan Megatruh

25. Jinise tembang macapat sing guru gatrane paling akeh yaiku tembang . . .
a. dhandhanggula
b. sinom
c. mijil
d. pangkur
e. megatruh

Demikianlah Soal PAT Bahasa Jawa Kelas X K13 Tahun 2022/2023, Terbaru yang kami bagikan. Terima kasih atas kunjungannya.
BimbinganGuru.com : “Tak ada gading yang tak retak”,- setiap hal atau sesuatu pasti memiliki kekurangan (kelemahan).