Skip to main content

Contoh Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 11 K13 2022 Semester 1

Contoh Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 11 K13 2022 Semester 1
Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 11 - Di awal tahun pelajaran baru 2022/2023 Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan memberikan edaran berupa Kalender Pendidikan yang digunakan sebagai acuan jadwal dari kegiatan pembelajaran selama kurun waktu 1 tahun. 

Salah satu jadwal penting yang dipergunakan guru untuk mengukur capaian belajar peserta didik adalah Penilaian Akhir Semester di bulan November sampai dengan Desember 2022. 

Oleh karena itu, dalam rangka menyambut dan mempermudah bapak/ibu guru dalam melakukan penyusunan terhadap lembar ujian yang akan digunakan di hari pelaksanaan mendatang. Di artikel ini kami akan memberikan artikel tentang Contoh Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 11 K13 2022 Semester 1. 

Contoh Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 11 K13 2022 Semester 1

Contoh Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 11 K13 2022 Semester 1

Tenaga pendidik dapat menggunakan berkas yang kami sediakan di bawah ini agar dipergunakan sebagai referensi untuk memperkaya berbagai pilihan jenis persoalan berdasarkan materi dan indikator terlampir di mata pelajaran Bahasa Jawa Kelas 11 MA.

Selamat mengerjakan.

Dokumen PDF & Jawaban di akhir artikel.

I. Pilihlah jawaban yang benar dengan menyilang A, B, C, D, atau E.

1. Pidhato sambutan iku ditindakake dening sawijining paraga awit saka ....
a. Pangkat utawa kalungguhane
b. Kepinterane ngluwihi wong liya
c. Kasugihane beda karo wong liya
d. Kawasisane ora ana tandingane
e. Ora ana kang bisa nindakake

2. Ing ngisor iki kang kalebu upacara nalika bayi lair, kajaba ....
a. Brokohan
b. Sepasaran
c. Selapanan
d. Sepasaran
e. Midodareni

3. Klasa kang isih anyar, udhik- udhik, andha tebu, jadah pitung warna, bancakan, lsp iku ubarampe kanggo upacara adhat ....
a. Tedhak siten
b. Tingkeban
c. Sepasaran
d. Panggih temanten
e. Ruwatan

4. Wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe sarta ora dipungkasi tandha titik utawa tandha pawacan liyane, struktur fisik geguritan kasebut diarani ....
a. Diksi
b. Imaji
c. Tipografi
d. Wirama
e. Busananing basa

5. Kang ora kalebu ancase nganakake tradhisi tingkeban yaiku ....
a. Ngonjukake rasa sukur marang Gusti
b. Minangka pangajab supaya bayine lair kanthi lancar nir ing sambekala
c. Minangka pangajab suoaya bayi nduweni wewatekan kaya dene wayang kang kagambar ing klapa
d. Nuduhake marang tangga teparo yen lairane lancar
e. Pangajab marang bayi kang bakal dilairake mbesuke oleh kabegjan

6. Kanggo mangerteni pesan moral sing ana ing sawijine geguritan bisa kanthi cara kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
a. Ngrungokake/ maca geguritan sepisanan wae
b. Negesi tembung- tembung sing angel dimangerteni
c. Nggancarake geguritan
d. Mangerteni maknane geguritan kanthi wuluh
e. Bisa mahami pesen kang ora tinulis ing geguritan

7. Endahing geguritan iku gumantung kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
a. Pilihane tembung kang mentas
b. Runtute swara utawa migunakake purwakanthi
c. Tembung entar kang digunakake
d. Tembung andhahan kang karimbag
e. Bagus lan ayune kang maca geguritan

8. Struktur pambuka ing teks pawara kang runtut yaiku ....
a. Salam pambuka, panyapa atur, pakurmatan, atur puji syukur, pangajak miwiti acara
b. Salam pambuka, atur panuwur, atur puji syukur, atur pakurmatan, panyapa
c. Salam pambuka, atur puji syukur, pangajak miwiti acara, panyapa, atur panuwun
d. Salam pambuka, pangajak miwiti acara, panyapa, atur panuwun, atur puji syukur
e. Salam pambuka, atur pakurmatan, atur panuwun, atur puji syukur, pangajak miwiti acara

9. Metodhe ingkang namung ngagem cathetan alit ingkang isinipun cengkoronganing pidhato nggih punika metode ....
a. Naskah
b. Apalan
c. Impromptu
d. Langsung
e. Ekstemporan

10. Prayogane basa sing digunakake ana sajroning papan pahargyan yaiku basa kang prasaja, tegese ....
a. Basa sing angel dimangerteni
b. Basa sing angel disurasa
c. Basa sing gampang dimangerteni dening sapa wae
d. Basa sing mung dimangerteni dening wong sawetara
e. Basa sing angel ditampa

11. Tembung “angin” dasanamane ....
a. Graha, panti, wisma, yasa, griya
b. Asma, jejuluk, parap, rum- rum, sambat, wewangi
c. Bayu, braja, maruta, pawana, riwut, samirana
d. Warih, her, tirta, we, ranu
e. Bawana, buwana, bantala, jagad, kisma, mandhala, pratala, pratiwi

12. Tujuane maca endah geguritan yaiku ....
a. Nemokake struktur lain geguritan
b. Nemokake struktur batin geguritan
c. Supaya sing ngrungokake bisa nggumun marang sing maca geguritan
d. Bisa menehi tandha andhegan lan intonasi ing teks geguritan
e. Sing nyemak lan mirsani bisa mangerteni isi, piwelinglan kaendahane geguritan

13. Kang kalebu struktur batin geguritan yaiku ....
a. Tipografi
b. Lelewane basa
c. Imaji
d. Purwakanthi
e. Amanat

14. Wayang kang digambar ing cengkir gadhing ing upacara tingkeban yaiku ....
a. Rama lan Shinta
b. Arjuna lan Shinta
c. Dasamuka lan Dewi Shinta
d. Kamajaya lan Kamaratih
e. Werkudara lan Arimbi

15. Tembung liyane pidhato yaiku ....
a. Wara- wara
b. Sesorah
c. Pirembugan
d. Pacelathon
e. Wawan rembug

16. Kanggo mangerteni kondhisi wektu arep maca geguritan kang perlu ditindakake yaiku....
a. Analisis situasi lan pamireng
b. Milih geguritan
c. Latihan maca geguritan
d. Mbedhah geguritan
e. Latihan nulis geguritan

17. Supaya acara bisa nyenengake, pambiwara kudu nduweni ....
a. Selera humor
b. Polatan kang serius
c. Sandhangan kang apik
d. Rupa kang bagus utawa ayu
e. Anggon- anggon kang komplit

18. Ing ngisor iki kalebu struktur lair geguritan, kajaba ....
a. Tema
b. Rasa
c. Nada
d. Amanat
e. Panyitra

19. Tata cara ingkang nggadahi pasemon gegarapan ingkang jejeripun guru laki punika, kedah rumaos anggadhahi wajib masrahaken asil guna kayanipun dhumateng garwanipun inggih punika ....
a. Srah- srahan
b. Sinduran
c. Midodareni
d. Pupuk
e. Kacar- kucur

20. Tembung “Sun Gegurit” iku lumrahe tinemu ana ing ...
a. Tembang macapat
b. Tembang tengahan
c. Tembang gedhe
d. Geguritan Jawa Kuna
e. Geguritan Jawa Anyar

21. Upacara tingkeban lumrahe diadani ing dina kang pinilih yaiku ....
a. Dina Rebo utawa Setu ing tanggal 15 lan 16 sasi Jawa
b. Dina Rebo utawa Setu ing tanggal 14 lan 15 sasi Jawa
c. Dina Senin utawa Kamis ing tanggal 14 lan 15 sasi Jawa
d. Dina Senin utawa Kamis ing tanggal 15 lan 16 sasi Jawa
e. Dina Rebo utawa Jum’at ing tanggal 14 lan 15 sasi Jawa

22. Ancase ruwatan yaiku ....
a. Minangka solusi supaya bocah mau adoh saka sambekala
b. Ilang (bebas) saka nasib ala sing arep tinampa ning awake
c. Ilang (bebas) saka nasib beja sing arep tinampa ing awake
d. Upayane manungsa kanggo mbebasake wong sing manut kapracayan bakal nampa nasib beja, kanthi cara nglaksanakake upacara/ ritual tartamtu
e. Slametan lan kenduren

23. Ing ngisor iki sebutane liya pranatacara, kajaba ....
a. Pangendhaliwara
b. Pranata titi laksitaning adicara
c. Pambyawara
d. Pamedhar sabda
e. Pranata wicara

24. Ing upacara adat tingkeban, adicara kang nduweni ancas supaya samengko bayi kang dikandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubeda sawiji apa, yaiku ....
a. Medhot lawe
b. Siraman
c. Ganti busana kaping pitu
d. Milih sega kuning
e. Dodol dhawet

25. Jejibahane pranatacara kang paling abot yaiku ....
a. Mbukak acara
b. Nutup acara
c. Nata lan nulis rantaman acara
d. Nata laku acara
e. Ngaturi paraga liya jumbuh karo ayahane

26. Metodhe ingkang mboten nyawisakan langkung rumiyin bahanipun amargi wekdalipun cumpen, nanging adhedhasar kepinteran, kawruh saha pengalaman nggih punika metode ....
a. Naskah
b. Apalan
c. Impromptu
d. Langsung
e. Ekstemporan

27. Ngowahi geguritan dadi basa gancaran diarani ....
a. Nganggit geguritan
b. Nulis geguritan
c. Maca geguritan
d. Parafrase geguritan
e. Nyipta geguritan

28. Ancase dianakake tedhak siten yaiku ....
a. Bocah bisa ngliwati tantangan ing uripe
b. Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane
c. Bocah kuwi mlebu donya ing jero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis diplih wiwit cilik
d. Bocah iku nyeker- nyeker lemah, kang nduweni teges nggolek pangan
e. Ngaturake puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, dene wes menehi kelancaran lan slamet nganti bisa ngidak lemah lan bisa urip mandhiri

29. Carane pidato ana maneka warna, yaiku kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
a. Kanthi maca naskah
b. Kanthi ngapalake naskah
c. Kanthi nggawe cengkorongan
d. Kanthi dadakan
e. Kanthi dikte

30. Ing upacara panggih, penganten sakloron nggawa godhong suruh kang matemu rose kang dilinthing diboboti jambe, ditaleni lawe putih, kang diarani ....
a. Bantalan
b. Gantalan
c. Kembar mayang
d. Sindur
e. Antiga
  • Soal PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 11 Semester 1 Versi-1, Unduh
  • Soal PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 11 Semester 1 Versi-2, Unduh
Demikianlah Contoh Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 11 K13 2022 Semester 1 yang kami bagikan, semoga bermanfaat bagi pengunjung Bimbinganguru.com. Terima kasih atas kunjungannya.
BimbinganGuru.com : “Tak ada gading yang tak retak”,- setiap hal atau sesuatu pasti memiliki kekurangan (kelemahan).