Skip to main content

Soal PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10 K13 Tahun 2022/2023 Lengkap

Soal PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10 K13 Tahun 2022/2023 Lengkap
Contoh Soal Penilaian Akhir Semester (PAS) Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 Tahun Pelajaran 2022/2023. Dapat digunakan tenaga kependidikan untuk menyusun lembar ujian atau melakukan pengembangan terhadap dokumen yang kami bagikan di bawah ini sesuai ketetapan satuan pendidikan masing-masing.  

Penilaian Akhir Semester Ganjil (PAS) adalah kegiatan pengukuran dan penilaian kompetensi peserta didik dengan tujuan menilai pencapaian kompetensi lulusan siswa di mata pelajaran tertentu (Bahasa Jawa) berdasarkan jurusan (Semua Jurusan) dan kelas. 

Hasil PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10 Semester 1 selanjutnya akan dianalisis untuk mengetahui ketuntasan belajar siswa. Apabila dinilai kurang dari ambang batas penilaian, maka guru diwajibkan memberikan tambahan ujian berupa remidi sampai dirasa sudah mencapai hasil sesuai KKM tersebut.

Soal PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10 K13 Tahun 2022/2023 Lengkap

Soal PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10 K13 Tahun 2022/2023 Lengkap

Sebagaimana yang diketahui bahwa, dari hasil analisis PAS Ganjil Bahasa Jawa Kelas 10 tersebut guru dapat melakukan evaluasi terhadap siswa untuk mengetahui sejauh mana penguasaan materi yang dimilikinya dan merupakan keterpaduan dari seluruh materi yang diterima selama siswa tersebut belajar. 

Yang selanjutnya guru akan merangkap hasil nilai kedalam nilai rapor semester 1 sesuai mata pelajaran yang telah diujikan.

Oleh karena itu, dibutuhkan pemahaman terhadap Soal PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10 Semester 1 agar dapat digunakan peserta sebagai acuan pembelajaran dan mendapatkan nilai tertinggi dalam pelaksanaan ujian.

Selamat mengerjakan.

Dokumen PDF & Jawaban di akhir artikel.

I. Wangsulono pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan A,B,C,D utawa E tumprap pratelan kang trep! 

Anoman KridhaSadurunge bali Anoman sumedya nodhi kakuwatane bala Alengka. Anoman kridha, taman diowat-awut, barang-barang rerengganing kraton dirusak. Wadya raseksa ngebyuk nyerang Anoman. Akeh sing tiba, kebentus klenger, lan mati, katrajang pangamuking Rewanda seta. Wadya danawa dikerigake, gumaredeg mburu ngrabasa Anoman. Anoman kecekel, kakrecek,lan kalarak ngadhep ing ngarsa nata. Anoman bakal kapidana pati. Nanging banjur mratelaake yen dheweke iku sawijining utusaning nagara. Adhedhasar angering bawana, utusaning nagara iku ora kena kaprajaya, sarta kudu diurmati. Tena, Anoman bisa slamet. Nanging tetep katrapan paukuman. Buntute diblebed bakal, dicelup lenga patra, nuli kaobong.Shinta krungui pawarta bab kadaden kuwi. Dheweke ndedonga nyuwun marang Dewa Geni murih Anoman ora kobong. Buntute Anoman dadi obor makantar-kantar. Kapi seta nuli del mlumpat nylangkrik ing sandhuwuring payon, karo ngobat-abitake buntute. Ora suwe payoning kraton kobar. Banjur mermen, wewangunan-wewangunan kraton lan isen-isene padhakawlagar. Geni mangalad-alad nyandhak omah ngentek-entekake barang-baranglayane. Kraton Alengka dadi karang abang, dadi sagara geni. Dene Anoman waras-wiris seger buger ora kobong, ndedel ing angkasa, tumuli kumliyeng mangisor, njegur pinggiraning sagara. Para wanara rame asurak-surak mapag baline Palwaga seta nuli bebarengan bali menyang Kikendha nemoni Rama. 

1. Ing ngisor iki jenenge liya Anoman, kajaba……..
a. Rewanda Seta
b. Anjaniputra
c. Kapi seta
d. Palwaga seta
e. Anila

2. Adhedasar angering bawana, utusaning nagara iku ora kena kaprajaya. Tembung kaprajaya tegese…………
a. Dibela
b. Dimusuhi
c. Dipidana
d. Dipateni
e. dipilara

3. Anake Dewi Sukesi kang awujud manungsa yaiku ………..
a. Dasamuka
b. Arya Kumbakarna
c. Dewi Sarpakeriaka
d. Arya Wibisana
e. Ditya Prahasta

4. Tembung ing ngisor iki kadunungan ater-ater anuswara, yaiku……………..
a. Gumaredeg
b. Diblebed
c. Mangisor
d. sandhuwuring
e. ngumpulake

5. Tembung ing ngisor iki kadunungan ater-ater tripurusa, yaiku…………….
a. Kabalekake
b. Katentreman
c. Pinunjul
d. Saweneh
e. ditekani

6. Buntutan diblebed bakal, dicecup lenga patra, nuli kaobong. Tembung kacithak miring diarani…………..
a. Tembung lingga
b. Tembung andhahan
c. Tembung wod
d. Tembung Panggandheng
e. Tembung ancer-ancer

7. Tembung ngusungi, gumlundhung, kacilakan, tembunge lingga…………….
a. Ngusung, ngglundhung, cilaka
b. Usungi, glundhung, cilaka
c. Ngusung, undhung, kacila
d. usung, glundhung, cilakan
e. ngusung, undhung, kacila

8. Tembung ing ngisor iki Manawa diwenehi ater-ater anuswara n-bisa luluh, kajaba……………
a. Tali
b. Dudut
c. Tuntun
d. tulis
e. Tabuh

9. Tembung ing ngisor iki Manawa diwenehi ater-ater anuswara m-bisa luluh, yaiku………………
a. Bubut
b. Balang
c. Bopong
d. Pacul
e. Bakar

10. Artikel sing isine petungan utawa ramalan apa kang dumadi ing mengkone manut petungane panulise, diarani artikel…………..
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Prediktif
e. Preskriptif

11. Artikel sing menehi tuntunan tumprap sing maca kanggo nindakake sawijine pakryan saengga ora kliru utawa salah anggone nindakake, diarani artikel……………..
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Prediktif
e. Preskriptif

12. Artikel sing isine nerangake sawijine masalah sing bisa dipahami dening sing maca, diarani artikel……………..
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Prediktif
e. Preskriptif

13. Bratasena iku jenenge liya………………
a. Werkudara
b. Duryudana
c. Janaka
d. Arjuna
e. Narayana

14. Alengka iku kratone……………..
a. Antasena
b. Prabu Duryudana
c. Prabu Dasamuka
d. Raden Arjuna
e. Prabu Kresna

15. Ing ngisor iki kalebu ater-ater anuswara, yaiku……………..
a. Any-,am-,ang-,-an
b. Any-,anj-, -na, ma
c. Ang-, any-, ang-, -na
d. Am,anj,ang,an
e. Ke, e, ne , na

16. Basa ngoko alus biasane digunaake dening……………..
a. Ibu marang bulik ing ndalem
b. Murid karo murid
c. Murid karo gurune
d. Guru marang muride
e. Ibu marang anak

17. Panulisane artikel Manawa kaudhal manut structure yaiku…………….
a. Pambuka, isi lan dudutan
b. Pambuka, isi lan masalah
c. Isi, masalah, dudutan
d. Dudutan, isi lan masalah
e. Pambuka, dudutan lan masalah

18. Tembung panggandheng kang nyatakake kosok balen yaiku……………
a. Saupama
b. Sanadyan
c. Utawa
d. Ananging
e. Amarga

19. Ing ngisor iki karma inggile pipi, bathuk lan irung, yaiku…………….
a. Pangarasan,palarapan, grana
b. Palarapan, grana, talingan
c. Jaja, jangga, grana
d. Pangarasan, jangga, racikan
e. Palarapan, grana, jangga

20. Ibune Pandawa yaiku………
a. Dewi sintha
b. Dewi kunthi
c. Dewi Anjani
d. Drupadi
e. Dewi Utari

21. Tembung ing ngisor iki kedadean saka rong wanda, kajaba……………
a. Anggone
b. Guyup
c. Kanthi
d. Andhap
e. Rukun

22. Tembung ing ngisor iki panulisane ing aksara jawa nggunakake sandhangan cecak, yaiku……
a. Grapyak
b. Sregep
c. Sabar
d. Lungkrah
e. Luruh

23. Tembung-tembung ing ngisor iki kadunungan panambang, kajaba……………..
a. Nganggone
b. Menangake
c. Ngganepi
d. Carane
e. Wicaksana

24. Ing ngisor iki kalebu sandhangan siged, kajaba……..
a. layar
b. cecak
c. wignyan
d. Pangkon
e. Taling

25. Tembung ing ngisor iki panulisane ing aksara jawa nggunaake sandhangan cakra keret, yaiku………….
a. Kramas
b. Kreta
c. Crita
d. Sregep
e. Mrene

26. Miturut akeh sithike rerangkean tembung, ukara dibedakan dadi rong ukara yaiku……………….
a. ukara lamba lan ukara camboran
b. ukara tunggal lan ukara lamba
c. ukara camboran lan ukara ganda
d. ukara camboran lan ukara campuran
e. ukara campuran lan ukara tunggal

27. Ukara kang gagasan mung siji kang dumadi saka jejer (J) lan (W) diarani ukara……………
a. ukara campuran
b. ukara camboran
c. ukara lamba
d. ukara wasesa
e. ukara jejer

28. Ukara kang gagasane luwih saka siji, jejer (J), wasesa ( W), lesan (L) utawa katrangan (K) luwih saka siji diarani ukara…………….
a. ukara campuran
b. ukara camboran
c. ukara lamba
d. ukara wasesa
e. ukara jejer

29. Manungsa iku diajeni ing bebrayan, jalaran nduweni………… simg becik.
a. gelar
b. drajat
c. Pangkat
d. moral
e. martabat

30. Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur generic teks carita wayang, diarani……………
a. orientasi
b. komplikasi
c. resolusi
d. koda
e. revolusi
  • Soal PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10 Semester 1 Versi-1, Unduh
  • Soal PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10 Semester 1 Versi-2, Unduh
Demikianlah Soal PAS Bahasa Jawa SMA Kelas 10 K13 Tahun 2022/2023 Lengkap yang kami bagikan, semoga bermanfaat bagi pengunjung Bimbinganguru.com. Terima kasih atas kunjungannya.
BimbinganGuru.com : “Tak ada gading yang tak retak”,- setiap hal atau sesuatu pasti memiliki kekurangan (kelemahan).